Wengine saya tintrim. Kinemulan mega-mega. Peteng ndhedhet, ndhelikake sakeh wewadine manungsa. Hawa atis ing njaba ora murungake tekade pawongan kang wis sawatara wektu amping-ampingan ing mburi pager urip. Pawongan kuwi kaya ndingkik lenaning wengi, meneng anteng tanpa sabawa. Mung sedhela-sedhela dheweke noleh ngiwa, noleh nengen. Pandelenge anteng tumuju marang omah gedhong iku.
Sore mau dheweke sowan ing omah gedhe iku. Kang kagungan omah magrong-magrong kaya gedhong Kumpeni kuwi diajab bisa ngluwari panandhange.
“Ora kok jeneng aku owel, Jo. Nanging aku dhewe ya lagi cupet. Wis sesasi peternakan tansah rugi merga daging wedhus ora payu. Ana isu penyakit antrax ing kutha. Kamangka kowe dhewe ngerti, wedhus-wedhus ing kandhang kae kang cacah meh sewu kudu dipakani saben dina. Sing sabar disik. Coba mengko dakngupaya golek sebratan liya. Entenana mengko bubar maghrib, mreneya maneh.” mangkono semaure Ndara Putri Krama nalika dheweke nembung utang dhuwit kanggo nambakake anake.
Kebangeten tenan. Disilihi dhuwit sethithik wae, kok kakehan alesan. Mula, bengi iki Paijo nedya nempuh dalan kang sasuwene iki dadi pantangane. Bengi iki dheweke nedya njupuk wedhus-wedhus kang pating brangkang ing kandhang. Wedhus-wedhus duweke wong uthil iku.