Alhamdulillah, ing umur kang wis cukup tuwa iki, aku isih diparingi bagas-waras, isih bisa setir mobil dhewe. Niyatku ya mung arep napak tilas dalan-dalan sing kulina dakambah nalika sekolah nglajo numpak sepur biyen. Dhek semana saben bubar salat subuh aku mangkat numpak sepedha menyang Stasiun Ketandan, terus numpak sepur nyang Sala.
Wektu iki stasiun cilik iku wis ditutup, mung dadi palang sepur. Nanging bangunane isih wutuh, kalebu omah dhinese pak Dirga kepala stasiun.
——————————————————————————————————-
Aku mudhun saka mobil, nyaketi gardhu tukang jaga palang. Dikandhani: “Griya niku dhek emben dilelang kalih tilas kepala stasiun sing riyin, Pak. Saniki dienggeni putrane.”
Putrane Pak Dirga? Apa Dhik Siti Ramlah biyen? Timbang kandheg dadi pitakon sing tanpa wangsulan, luwih becik dakbuktekake wae. Aku nyaketi omah iku. Uluk salam.
Langsung keprungu jawaban saka njero: “Mangga.”
Let sedhela lawang dibukak. Katon wong wadon tuwa ngadeg ing buri lawang, njinggleng nyawang aku. Aku uga njinggleng nyawang dheweke. Dak takoni:
“Apa sliramu iki Dhik Siti Ramlah?”
“Iya,” saure. “Lha sliramu iki sapa, rasaku kok kaya wis tau tepung.”
“Aku biyen sekolah ing Sala langganan sepur, tau kartu lenggananku dirampas kondhektur, terus kok tulungi kok suwunake kelonggaran marang bapakmu, Pak Dirga.”
“Oh, Gustii! Mas Surya!”
Alok ngono karo nyaket terus nyalami, nggegem tanganku kenceng banget. Sauntara banjur ngajak jagongan ing kursi tamu.