Geguritan punika kaanggit kanthi pangajab kagem ningkataken kompetensi dwija babagan nyerat basa lan sastra jawi. Kairing paripurnanipun geguritan punika, penganggit ngaturaken agunging panuwun dhumateng.
Penganggit nglenggono bilih buku kempalan geguritan menika tasih kathah kekiranganipun, sae wonten babagan seratan menopo dene tata basanipun. Saestu penganggit angajeng-ajeng panyaruwe saking para maos saha para sutresna. Satemah dados langkung sampurna. Wasana penganggit nggadhahi pangajap mugi kumpulan geguritan punika saget migunani dhumateng para maos geguritan umumipun, mliginipun dhumateng para dwija.