“Oh, dadi saiki kowe dadi juragan tempe, Yu?” takone bojoku.
“Iya. Sing mawiti rak kowe ta?”
“Lho, kapan aku menehi pawitan, Yu?”
Yu Karmi mangsuli karo ngguyu, “Aku biyen rak kok wenehi beras, gula lan dhuwit telung atus ewu. Dhuwite iku daktukokake dhele dakgawe tempe. Jebul bathine akeh. Dak terusake, saya akeh. Saiki aku wis duwe bakul wong enem, saben bangun wis mruput njupuk dagangan nyang omahku. Dadi aku malah ora tau dodol nyang pasar.”
“Alhamdulillah, Yu Karmi.”
Banjur omong, “Dhik, tekaku iki arep njaluk tulung. Anakku lanang arep tuku sepedha motor. Gandheng kowe sing wis kulina duwe motor, sesuk ponakanmu kancanana tuku nyang dealer. Dhuwite wis dakcepakake.”
“Oh, iya Yu, sesuk dakampiri mrana,” saurku.
Sapungkure mbakyuku, batihku grenengan, “Wah, andharanmu bab korona jan cocog.”
“Piye kok ngono?” takonku.
“Biyen Bapak mbabar panemu, karana korona, ing masyarakat timbul golongan anyar telu. Siji, golongan sing tetep menter ora kontal dening krodhane korona, yaiku para pensiunan, contone awake dhewe iki, lan para petani contone Mas Karno sing sawahe akeh iku. Loro, golongan sing karana korona malah kombul dadi juragan sugih, contone Mbakyu Karmi.”
Daksambung, “Telu, golongan sing karana korona uripe dadi kere, kluntrang-kluntrung turut lurung mubeng kampung karo ngathung. Contone Kamilah. Muga-muga wae entuk pituduhe Gusti, bisa bali ngugemi ajining dhiri.”
“Amiin,” batihku ngamini. “Muga-muga, Pak.”